skip to main |
skip to sidebar
Punapa kemawon ingkang kaciptakaken dening Allah kangge kabetahaning manungsa kedah kita aosi saha kita kedah caos sokur dhumateng Panjenenganipun.
Kabudayan punika salah satunggaling berkah ingkang perlu kita uri-uri.
Nagari INDONESIA ingkang kita tresnani punika yekti satunggaling nugraha ingkang ageng sanget saking ALLAH Ingkang Maha Asih.
Sumangga kita jagi saha kita upayakaken supados nagari punika saestu dados nagari ingkang murakabi dhateng sedaya kawula, wusana ndadosaken renaning panggalihipun ALLAH saha ndadosaken kamulyaning asma-NIPUN.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami anulada
kadya nguni caritane.
Andelira Sang Prabu
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lelabuhanipun.
Kang ginelung tri prakara,
guna, kaya, purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.
Lire lelabuhan tri prakawis,
guna bisa sanis kareng karya,
binudi dadi unggule.
Kaya sayektinipun
duk mbantu prang Magada nagri,
mboyong putri domas
katur ratunipun.
Purune sampun tetela,
aprang tanding lan Ditya Ngalengka Adi,
Suwanda mating rana.
Dedalane guna lawan sekti
kudu andhap asor.
Wani ngalah
luhur wekasane.
Tumungkula
yen dipun dukani.
Bapang den simpangi,
ana catur mungkur.
Sok sintena ingkang kapitadosanipun dhumateng Allah mboten kados
kapitadosanipun lare alit dhumateng tiyang sepuhipun, yekti kapitadosaipun
punika sanes kapitadosan ingkang wetah.
Sampun kok ingkang ketingal.............
Punapa kemawon ingkang wonten ing salebeting cipta saha osiking manah kita,
Allah inggih Maha Pirsa.
Wenawi tumindak kita mboten laras kaliyan pocap kita, mboten badhe wonten tiyang ingkang purun ngaosi kita.
Kita asring tumindak ngungkul-ungkuli.
Kathah ing antawisipun kita ingkang nyengiti kapara nguya-uya lan mejahi tiyang ingkang kita anggep lepat. Ngenesipun malih, kanthi tumindak makaten wau,kita rumaos bilih kita sampun ngayahi dhawuhipun Allah.
Kedahipun katresnan punika sampun ngantos namung lelamisan.
Kita kedah nebihi ingkang awon lan kedah nglampahi ingkang leres.
Tiyang ingkang begja inggih punika tiyang ingkang tresna dhumateng Allah saha ingkang asih dhumateng sesami.
Sinten kemawon ingkang rumaos paling ageng wonten ing ngarsanipun Allah,
saestu badhe dados ingkang paling alit.
Kita kedah rumaos lan ngrumaosi bilih kita punika manungsa ingkang kebak dosa wonten ing ngarsanipun Allah.
Sapunika kathah sanget manungsa ingkang sami nyengiti sesamining manungsa.
Kapara ugi kathah ingkang nganggep najis dateng sesamining manungsa. Kangmangka kedahipun kita piyambak ingkang kedah rumaos najis wonten ing ngarsanipun Allah, amargi kita sami asring tumindak nistha, inggih kalebet tumindak najisaken sesamining manungsa kala wau.
Bekti dhumateng tiyang sepuh saha ngaosi dhateng tiyang nem.
Manungsa punika saestu minangka satunggaling titah ingkang sarwa winates.
Yen kepengin pintere sing sregep sinaune, mbesuk wekasane gampang bisa nyambut gawe.
Yen bisa nyambut gawe sing mlaku sabenere, mbesuk wekasane ditresnani sapa wae.
Aja banjur nuli pintere nggo minteri, angedhangkrang wewenang nggo golek menang.